Monwnews.com, Malang – Pahargyan prasaja dianakake ing omahe Pangarso PKHN, ing Desa Talok, Kecamatan Turen, Kabupaten Malang,Minggu (17/08/2025).
Saperangan anggota (PKHN) Malang Raya rawuh ing acara kasebut. Paguyuban Kusumo Handrowino Nusantara (PKHN) Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, ingkang sampun katetepaken wontenipun undang-undang miturut Surat Keputusan Menteri Hukum dan HAM No. AHU-0013065.AH.01.07 Taun 2022,
Pangarso ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para anggotanipun ingkang sampun kersa rawuh saha paring keprihatinan saha katresnanipun dhateng PKHN.
Ing ngarepe anggota PKHN Pangarso KPAA.H. Sucipto Wironagagoro, kadherekake garwa kinasih,
KRAy Dewi Masruroh Dayaningtyas, mratelakaken bilih pembangunan gapura sampun rampung.
Mangga, menawi wonten ingkang kersa nembangaken tembang kangge hiburan kita, amargi ulang tahun kula ingkang kaping 60 ngepasi HUT RI ingkang kaping 80,” Pangarso kandha marang para anggota kang padha kumpul ing ruang tamu sing adhem.
Dene wakil PKHN ugi ngaturaken sugeng tanggap warsa, “Kagem Pangarso,Bopo KPAA,H.Sucipto Wironagoro,SE mugi-mugi diparingi umur panjang, kesehatan, lancar rejeki lan pinaringan slamet donya lan akhirat. Amin, YRA,” ujare Ki Bimo sing makili anggota PKHN sing hadir.
Ing acara sing prasaja lan ramah keluarga iki uga ana pagelaran karaoke tembang Jawa utawa campursari dening Dewi Nuriani Sutanto lan Ki Bimo. (galih)












