Monwnews.com, Malang – Dukungan musik kerakyatan nok Ngalam (Bumi Arema), perlu diesksisno maneh ker.
Umak sing ngenes musik – musik lawas karo lagu-lagune Rolling Stones & Bee Gess iso koled perfome musisi gaek, Bambang Trisulo sing karya lagune pernah melejit era tahun 78 sing dirilis di tahun 80 an.Waktu iku jeneng grup e KHARISMA, judul lagune ‘SALAM BUAT KOTA MALANG’
Lagu ‘Salam Buat Kota Malang’ sempat dadi hits dek kancah musik pop nasional,sampe saiki yoh sik kane dirungokno ker….
Umak, penikmat musik, pelaku, pengamat, poro musisi lawas koyoe perlu koled penampilane Trisulo & frens.
Kapan rek…?
dino Jumat, tanggal 10 April 2026 ,jam 19.00 WIB, nok Bunker Cafe, Jalan Terusan Ijen, sampinge lampu stopan kawi, cedek karo rumah dines e Walikota Malang.
Tema e ‘Musik & Dialog’
Ayo….ker….! Semangat kerakyatan dilandasi gotong royong dadi penguat kesinambungane eksistensi musisi- musisi lawas nok Kota Malang.
“Ngumpul e musisi-musisi lawas, tokoh-tokoh publik, ASN, politisi, iso bareng ngopi karo menikmati sajian musik. Didukung karo bolo-bolo alumni lintas SMANTI (Alumni SMA Tiga),” jare Trisulo, Jumat (10/04/2026).
“Pokok e teko nang lokasi rek, ayo menikmati maneh roso kebersamaan bolo-bolo lewat musik kerakyatan,” tambah Trisulo musisi umur 76 tahun sing sik ketok tahes.
Catetan :
Musik kerakyatan iki musik sing lahir, tumbuh, terus berkembang teko kehidupan rakyat biasa, makna e : musik milik rakyat, oleh rakyat, untuk rakyat.
Ciri karo makna utama e:
1. Berasal teko rakyat
Diciptano kario masyarakat umum, dudu oleh kalangan elit opo istana. Biasa e anonim utowo ora diketahui penciptanya. Contoh: lagu dolanan, tembang daerah, keroncong lama, musik pop utowo dangdut lawas.
2. Cermin e kehidupan sehari-hari
Lirik e sederhana jujur. Isine tentang idrek dek sawah, percintaan, kritik sosial, sindiran ke penguasa, utowo harapan rakyat jelata,sing dadi cermin kondisi sosial.
3. Bahasa sing gampang dipahami
Gawe bahasa daerah utowo bahasa Indonesia sehari-hari.Sing ora angell dipahami. Tujuanne supoyo publik iso kolem nyanyi karo paham pesan sing disampekno.
4. Fungsi sosial sing kuat
Hiburan: Gae kerjo, penghilang penat. Contoh: nyanyi waktu ronda utowo pas kerjo gotong royong.
Penyampai aspirasi: Dadi wadah protes alus utowo kritik ke keadaan. Contoh: Koyo lagu-lagune Rhoma Irama era 70-80an, lagu e Iwan Fals.
– Pemersatu: Dinyanyino bareng-bareng gawe roso senasib seperjuangan.
– Pendidikan nilai: Nyalurno nasihat, moral, karo adat lewat lagu.
5. Alat musik sederhana & merakyat
Gawe alat sing gampang ditemui: gitar, gendang, drum, suling, angklung, kentongan. Nggak butuh panggung megah, cukup di pos ronda opo tempat nok pinggir jalan.
Bedanw karo musik populer/istana:
Musik kerakyatan fokus e nok pesan karo kebersamaane, dudu nang komersial opo kemewahan. Biasae musik istana biyen digawe nyenengno penguoso,Rojo utowo bangsawan.
Tapi musik kerakyatan yo digaww awake dewe rakyat biasa.
Contoh di Indonesia:
Dangdut, keroncong, campursari, tarling, qasidah, lagu-lagu perjuangan rakyat, sampai musik pinggiran macam koyo punk jalanan.
Singkat e: musik kerakyatan = suara hati rakyat. (galih)












