Umum  

Ayo Ker, Koled Iki! A Tribute to The Bee Gees & Rolling Stones Jumat, 10 April 2026 nok Bunker Cafe

 

Monwnews.com – Malang, Dukungan musik kerakyatan nok Ngalam (Bumi Arema) perlu dieksisno maneh, Ker.

​Umak sing ngenes musik-musik lawas karo lagu-lagune Rolling Stones & Bee Gees, iso koled performe musisi gaek, Bambang Trisulo. Dekne musisi sing karya lagune tau melejit era tahun ’78 lan dirilis tahun ’80-an. Waktu iku jeneng grupe KHARISMA, judul lagune “SALAM BUAT KOTA MALANG”.

​Lagu “Salam Buat Kota Malang” tau dadi hits dek kancah musik pop nasional. Sampe saiki yoh sik kane dirungokno, Ker. Umak penikmat musik, pelaku, pengamat, masiyo poro musisi lawas, koyone perlu koled penampilane Trisulo & Friends.

Catet Tanggale, Rek!

• ​Dino: Jumat, 10 April 2026

• ​Jam: 19.00 WIB

• ​Nggon: Bunker Cafe, Jalan Terusan Ijen (sampinge lampu stopan Kawi, cedek karo Rumah Dinas Walikota Malang).

• ​Tema: “Musik & Dialog”

​Ayo, Ker! Semangat kerakyatan sing dilandasi gotong royong dadi penguat kesinambungane eksistensi musisi-musisi lawas nok Kota Malang.

​”Ngumpule musisi-musisi lawas, tokoh-tokoh publik, ASN, lan politisi iso bareng ngopi karo menikmati sajian musik. Acara iki didukung karo bolo-bolo alumni lintas SMANTI (Alumni SMA Tiga),” jare Trisulo, Jumat (10/04/2026).

​”Pokok-e teko nang lokasi, Rek! Ayo menikmati maneh roso kebersamaan bolo-bolo lewat musik kerakyatan,” tambah Trisulo, musisi umur 76 tahun sing sik ketok tahes iki.

Opo Sih Musik Kerakyatan Iku?

​Musik kerakyatan iki musik sing lahir, tumbuh, lan berkembang teko kehidupan rakyat biasa. Maknane: musik milik rakyat, oleh rakyat, lan kanggo rakyat.

Ciri karo makna utamane:

• ​Berasal teko Rakyat: Diciptano masyarakat umum, dudu kalangan elit utowo istana. Biasane anonim utowo ora diketahui penciptane. Contoh: lagu dolanan, tembang daerah, keroncong lama, musik pop, utowo dangdut lawas.

• ​Cermine Kehidupan Sehari-hari: Lirik-e sederhana lan jujur. Isine tentang idrek dek sawah, percintaan, kritik sosial, sindiran nang penguasa, utowo harapan rakyat jelata.

• ​Bahasa sing Gampang Dipahami: Gawe boso daerah utowo boso Indonesia sehari-hari sing ora angel dipahami. Tujuane supoyo publik iso kolem nyanyi karo paham pesene.

• ​Fungsi Sosial sing Kuat:

  1. • ​Hiburan: Gae kerjo utowo penghilang penat (contoh: pas ronda utowo gotong royong).
  2. • ​Penyampai Aspirasi: Dadi wadah protes alus utowo kritik (contoh: lagu Rhoma Irama era 70-80an utowo Iwan Fals).
  3. • ​Pemersatu: Dinyanyino bareng-bareng gawe roso senasib seperjuangan.
  4. • ​Pendidikan Nilai: Nyalurno nasihat moral lan adat lewat lagu.

• ​Alat Musik Sederhana & Merakyat: Gawe alat sing gampang ditemui koyo gitar, gendang, suling, angklung, utowo kentongan. Gak butuh panggung megah, cukup nok pos ronda utowo pinggir dalan.

Bedane karo Musik Populer/Istana:

Musik kerakyatan fokus nang pesan lan kebersamaane, dudu nang komersial utowo kemewahan. Yen musik istana biyen digawe nyenengno Rojo utowo bangsawan, musik kerakyatan digawe awake dewe, rakyat biasa.

Contoh di Indonesia:

Dangdut, keroncong, campursari, tarling, qasidah, lagu perjuangan rakyat, sampe musik pinggiran koyo punk jalanan.

Singkat-e: Musik Kerakyatan = Suara Hati Rakyat.

(galih)

Exit mobile version